Sunday 19 April 2020
0 comments

PAGEBLUK CORONA NGORAK NGARIK TATANAN NDUNYO

07:27

Ning wulan Januari 2020, wong Indonesia wis krungu lan ndelok lewat media elektronik lan cetak yen ning Cino ono pagebluk Virus Corona sing nyebar e cepet lan iso nyebab ke mati. Tapi wektu iku wong Indonesia iseh percoyo yen virus kui ra bakal tekan ning Indonesia. Akeh wong sing ngawe meme ning media sosial yen wong Indonesia kuat-kuat amargo sering ngombe jamu.
Pungkasan wulan Februari 2020 Presiden Jokowi ngumandangke yen wis ono 2 wong sing keno Virus Corona tinggal e ning Depok Provinsi Jawa Barat. Wektu iku wong iseh podo nganggep hal sepele. Pemda Depok lan sekitar e iseh tenang-tenang wae. Awal wulan Maret 2020 wong sing positif keno Virus Corona tambah akeh tekan atusan. Pemerintah pusat netepke bencana nasional Pagebluk Corona. Pemda-pemda sak Indonesia podo mulai nerapkan pembatesan sosial (social distancing) lan terus jogo jarak fisik (physical distancing). Sekolah sementara di prei ke kabeh lan pekerja kantor kon kerja seko omah (work from home).Wong wis ora entuk salaman, kumpul-kumpul wong akeh, ndongo ning ngon ibadah lan opo wae sing ngumpulke wong akeh sementara ora entuk. Senajan wis nglaku ke kui kabeh wong sing positif Virus Corona tetep tambah akeh. Pungkasan ne ning awal wulan April 2020 Presiden Jokowi ngetoke Peraturan Pemerintah tentang Pembatasan Sosial Bersekala Besar (Pembeatesan Sosial Skala Gede). Sak wis e ono PP kui Pemda-Pemda mulai ngajuke ijin pengin nerapke kui. Sing nomor siji Pemerintah Provinsi DKI Jakarta wilayah sing paling akeh keno Virus Corona terus nyusul Bogor, Depok, Bekasi, Bandung lan Tegal. Pertengahan wulan April 2020 sing positif Virus Corona wis tekan ewon lan sing mati wis atusan wong. Pemerintah pusat mulai rada teges kabeh pekerja pabrik lan kantor di prei ke kabeh mung 8 sektor seng iseh iso tetep operasi. Ono ne Pagebluk Corona berdampak ning ekonomi. Akeh wong dipecat, bayaran ne di kurangi, perusahan ning bidang trasportasi darat/laut/udara lan pariwisata ambyar kabeh.
Perusahan start-up digital sing entuk berkah ono ne pagebluk iki.Akeh wong kelas menengah nduwur podo ngunake aplikasi Video Conference koyo Zoom, pelajar podo ngunake Ruang Guru, lan aplikasi ngo ngirim barang sing di duweni Gojek lan Grab.
Sakliyane sing entuk berkah yaiku perusahaan sing mroduksi sabun tangan, sanitasi tangan (hand sanitizer), alat-alat kesehatan (klambi khusus ngo ngerawat pasien positif Corona, scan suhu tubuh, ventilator).
Perusahaan kuwi sing kasebut bakal entuk bati akeh ono ne Pagebluk Corona iki. Bisnis liyane kui podo sepi kabeh.
Mugi Pagebluk Corona ndang iso mendeg, ndang iso urip koyo biasane meneh.
#Corona #Covid-19 #Indonesia #Pagebluk

0 comments:

Post a Comment

Batik

More on this category »

Art

More on this category »
 
Toggle Footer
Top